CIREBONRAYA – Ana-ana bae critae menusa ning dunya kuh, gara-gara gagal paham waktu petugas Keluarga Berencana (KB) ngupai penyuluhan, Mang Darmad salah praktek ngenggo “sarung”.
“Isun sih melas yen ndeleng Mang Darmad luh, anake mrisil bae sampe sekandang, menggawe-e malah arang-arang,” jare Lamsijan.
“Ya sekiyen anae pandemi Covid-19 kih, akeh wong kangelan luru pangan,” jare Bos Kamid.
“Akeh kang ora kangelan luru duwit Bos,” jare Lamsijan.
“Sapa kang angger gampang olih duwit Jan, reang mah ora paham,” jare Warlam.
Baca Juga: Mau Beasiswa Program S2 di Jepang? Terbuka untuk Lolos
“Ya pegawe negeri, pegawe BUMD, BUMN, polisi, TNI, anggota DPRD, DPR RI, soale Negara sih bli bakal bangkrut kaya Bos Kamid. Duwite kurang pinter luru utang,” jawab Lamsijan.
“Bener ya Jan, pantesan yen ana lowongan pegawe negeri rebutan, sampe sikut-sikutan, malah nyogok gede-gedean gen akeh kang wani,” jare Bos Kamid.
“Lha...kuh Mang Darmad, dawa umur ya, nembe diomongaken langsung marek,” jare Lamsijan.
“Punten....pisan Mang, ari Mang Darmad luh ora manjing KB – Keluarga Berencana tah anake akeh kuh ?” takone Bos Kamid.
“Ya gara-gara manjing ‘KB’ kita anake akeh !” jawab Mang Darmad.
“Masa iya mang, manjing KB anake akeh ?” Bos Kamid penasaran.
“Iya Bos, padahal, waktu ana Pak Marjo penyuluh KB nerangaken manjingaken alat kontrasepsi sarung karet ning jempol tek prakteknang !” jare Mang Darmad.